Rabu, 09 September 2009

onta laut

ONTA LAUT


Onta iku rong spesies kéwan kuku genep saka genus Camelus (siji nduwé punuk tunggal - Camelus dromedarius, siji manèh nduwé punuk loro - Camelus bactrianus) sing uripé ditemokaké ing wilayah garing lan gurun ing Asia lan Afrika Lor. Rata-rata umur pangarepaning urip onta watara 30 tekan 50 taun.

Domestikasi onta déning manungsa wis diwiwiti watara 5.000 taun kapungkur. Pamanfaatan onta antara liya kanggo dijupuk susuné (sing nduwèni pangaji nutrisi luwih dhuwur tinimbang susu sapi) sarta dagingé, lan uga digunakaké minangka kéwan buruh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar